Cari

Rabu, 11 Mei 2011

Resensi "Singkar"

Oleh: Biya Ebi Praheto
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Universitas Negeri Semarang


Irah-irahan : Singkar

Pangarang : Siti Aminah

Panerbit : Griya Jawi, Semarang

Taun : 2008

Kandel : 134+10 hal

Ukuran : 19,5 x 13,5 cm

Siti Aminah menika penulis sastra Jawa ingkang piawai. Katah karyanipun ingkang dipunmuat wonten ing media masa lan kababar dening panerbit-panerbit lokal. Kapinteranipun wonten ing makarya boten lepat saking lingkunganipun. Siti Aminah menika wiyos lan dipunagengaken ing Yogyakarta sarta dinten-dintenipun ngangge basa Jawa kangge komunikasi.

Salah satunggalipun karya Siti Aminah inggih menika Singkar, ingkang awujud novel fiksi. Singkar taksih nyritakaken babagan perkawis katresnan ingkang dipunkomplikasiaken kalihan problema ingkang dipunalami dening tokoh utama lan tokoh-tokoh sanesipun. Novel menika benten kalihan novel sanesipun, konflik cerita Singkar wonten ing babagan satunggal ingkang biasanipun wonten ing tengah cerita. Kapinteranipun panulis kauji dening wontenipun kilas balik nyritaaken masa lampau wonten ing babagan kalih. Sasanesipun ugi wonten kritik sosial ingkang katingal wonten ngendikanipun tokoh ing babagan kapitu, salah satunggalipun inggih menika “Mula lewih becik dadi mahasiswa sing aktivis, iya ta? Aksi, macetake dalan, mlebu tv, koran, dadi kondang. Ta? During maneh kuliahe ketheteran?.”. Latar ingkang dipunginakaken wonten novel inggih menika Kota Yogyakarta, dados pangarang maringi ending cerita gempa Jogja. Gempa Jogja menika dipunceritakaken saking babagan kawolulas.

Novel Singkar sanes kalebet novel kandel. Isi novel menika kaperang dados babagan-babagan ingkang ndukung antara babagan satunggal kalihan babagan sanesipun. Wonten dalem novel, ugi dipunparingi kathah sanget setting keadaan, konflik, lan peristiwa. Sasanesipun, sedaya tokoh wonten novel menika gadah peran penuh lan penting kangge mbangun novel Singkar menika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar