Cari

Rabu, 11 Mei 2011

Cerkak "TUGAS MARANG PALESTINA"

By. Biya Ebi Praheto

Suasanane kantor katon sibuk banget, wong-wong padha sliwar-sliwer nyiapke siaran berita terkini. Doni ora kalah sibukke, ana ing ruang make up nyambi latihan maca berita sing arep disiarke.

“Don...ayo cepetan, lima menit maneh siaran” omonge Pak Jarwo produser beritane koro kesusu-susu.

“Sekedap pak” saute Doni.

Wis ora aneh situasi kaya iki, sabab wis dadi pagaweyane ana ing kantor iki.

Kabeh wis sisp. Doni sing arep maca berita terkini ya wis ana ing ruang siaran.

“telu...loro...siji...eksyen...!!!” kameramene ngaba-abani angger siaran dimulai

Kaya biasa Doni maca berita karo PD-ne, sedela wis rampung sebab berita terkini ora ana supuluh menit.

Nang ruang meeting lagi ana rapat wong-wong penting. Doni penasaran, “lagi ana rapat apa ya, ora biasane ana rapat kaya iki” omongane Doni ing ati karo tetep mlaku ngliwati ruang meeting.

“Sinta...iku lagi padha rapat apa toh ing ruang meeting” takone doni marang kanca saperjuangane nang satasiun berita iki.

“oh...kuwi lagi rapat nentukna sapa sing bakal dikirim marang palestina kanggo ngliput berita ing kana” jawabe Sinta karo mesem.

“Aduh, muga-muga aja aku lah sing dikon marang kana” saute doni spontan.

Rapat wis rampung, kabeh kru TV dikumpulna ing ruang pertemuan. Sawise padha kumpul kabeh, pak Jarwo njelaske masalah palestina ingkang lagi dijajah ing yahudi alias lagi dibom bardir nang yahudi.

“terkait lagi ana berita sing kudu diliput ing palestina, rapat sing mau wis dianake wis nggawe keputusan sapa bae sing bakal diwei tugas iki. Langsung bae ya diwacake keutusane rapat. Sing pertama ana telu wong sing bakal lunga maring palestina yaiku Doni, Sinta, karo Marwan” pak Jarwo ngomong kaya maca pengumuman.

Doni kaget banget jenenge kesebut, meski abot Doni duwe prinsip iki tugas kudu dilakoni, gelem ora gelem ya kudu mangkat.

***

Doni, Sinta, lan Marwan wis gutul nang bandara Ahmad Yani. Wong telu iki bakal dadi kru sing kompak merga sadurunge wis tau dikirim bareng kaya iki tapi marang papua. Kabeh wis numpak motor mabur. Ora nganti sadina Doni, Sinta, lan Marwan wis gutul nang Mesir. Pancen palestina lagi diblokir dadi kudu maring mesir disit ngurus surat ijin mlebu lan ngliput berita ing palestina.

“ternyata ora gampang yah ngliput berita nang kene, boro-boro ngliput...mlebu palestina ya angel banget” celatune Sinta sinambi mangan mie.

“iya ya...dhewek wis rong dina ing kene tapi surat ijin ya urung metu” Doni nyauti omonge sinta.

“Wis...wis...sabar wae...dinikmati wae, kaya aku iki loh...anggep wae lagi liburan, lumayan toh...!!” omonge Marwan nggawe sing liyane ngguyu.

Ora sadar wis wengi banget, wong telu iku uwis pada wareg kabeh kur gari mulih penginepan lan nyiapke awak kanggo ngurus surat ijin ngesuke.

Esuk nang mesir beda karo nang Indonesia. Doni, Sinta, karo Marwan tangi gasik banget siap-siap lunga maneh marang kantor sing ngurusi surat ijin ngliput lan mlebu palestina. Dina iku lagi apik kanggo wong telu iki, surat ijin ya wis metu. Doni seneng banget, sing liyane ya ora kalah senenge. Ora mbuang wektu langsung ngliput ing palestina, meski wis olih surat ijin masalah tetep esih ana. Kapan wae bom lan peluru bisa nyasar maring awak merga saking brutale wong-wong yahudi sing sakepenake wae ngambrah-ambrah negri nabi iku. Saben dina golet informasi lan ngliput keadaane negri palestina terus disiarke marang indonesia. Doni lan Sinta sing dadi presentere utawa pembawa beritane ora tau loyo, terus semangat nei kabar marang wong akeh terutama nang indonesia men pada ngerti keadaane palestina sing nyedihke banget. Akeh bocah cilik sing pada mati. Akeh mayat sing pating glimpang nang dalan-dalan. Umah-umah pada ancur dibom bardil. Atine Doni lan kancane sedih banget ndelengake keadaan ing palestina.

“Dasar Yahudi, bisane kur gawe mala marang bangsa liya. Ora duwe perasaan lan kejam banget” Celatune doni ing sela-sela ngliput.

“iya dhewek sing pada-pada seiman karo wong-wong palestina para pejuang sing hebat-hebat iku uga ora terima toh yen palestina diperlakokke kaya iki?” Sinta ya pada ngomonge.

“Ya wis... kita dongakke wae moga-moga keadaan iki cepet rampung lan bisa damai”. Marwan gawe adem suasanane.

***

Uwis arep telung minggu anggone Doni lan kanca-kancane ngliput berita ing palestina, akeh sing diolihke saka tugas iki. Ora mung olih berita, tapi sing penting atine dhewek pada melek weruh keadaan sing nyedihke iki. Keadaan sing gawe ngelu weruh wong-wong Israel sakepenake dhewek ngobrak-abrik negri palestina iki.

Genep telung minggu Doni, Sinta, Marwan njalanke tugas ngliput. Surat ijin ya wis entong masane. Dina iki Doni, Sinta, lan Marwan balik marang indonesia. Ketelune ngrasake lega merga tugase wis rampung, tapi pengalamane ngliput ing Palestina ora bakal diklalenke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar